Jumat, Agustus 17, 2018

Jumat, Agustus 17, 2018

Anak lan anak mantu sing adoh papane saben dina dialembana. Dieling-eling pawewehe. Dipamerake kabecikane. Diumukake bektine. Dulur lan tangga kabeh dicritani.

Beda karo anak lan anak mantu sing urip saomah karo dheweke. Saben dina pijer dirasani kekurangane. Diklerokake saparipolahe. Dicritakake marang dulur lan tangga kaluputane.

Panjenengan nate ngalami kaya ngono kuwi? Wongtuwa utawa maratuwamu angel ladenane? Aja kaget, Kuwi wis kaprah. Wis dicathet wiwit biyen lumantar unen-unen "adoh mambu wangi, cedhak mambu tai".

Muga Panjenengan tansah diparingi sabar legawa narima. Donga pamuji mbanyu mili saka kene: #BijakJawa

Aja lali mampir sedulurku yen dolan nyang Jogja, aku sakanca kumpul neng kene >>> 

Mbelinger JOGJA Jl. Kebun Raya 43 Jogjakarta. Layanan online: 081915554397 www.mbelinger.com

Sapa ngerti ana sandhangan sing cocok kanggo wongtuwa utawa maratuwa :), bisa dadi jalaran tresna.

Kanggo sedulur Jawa sing pengin kumpul-kumpul lan Srawung mangga Kumpul neng Group  : Wong Jawa - Sejagad


Loading...

0 komentar: